Dumadine Desa Purwosari
Sejarah
punika, minangka pepenget marang manungsa supaya ngerteni marang jaman kang wus
kawuri. Mligine tumrap para sedulur ing laladan desa Purwosari.
menapa ta....desa punika kaaran Purwosari..?! Kita warga desa Purwosari, senadyanta riwayat ingkang kaserat punika namung saklembar dlancang ingkang tanpa wonten reginipun. Ing pangajap mugi dados pepenget datheng para warga sedaya.
menapa ta....desa punika kaaran Purwosari..?! Kita warga desa Purwosari, senadyanta riwayat ingkang kaserat punika namung saklembar dlancang ingkang tanpa wonten reginipun. Ing pangajap mugi dados pepenget datheng para warga sedaya.
Purwosari..Purwo
teges wiwitan Sari ateges inti. Tegesipun wiwitan lan dadi intine. Purwosari gumelar
ing laladan paraden, nanging nadyanta paraden ! Pranyata sitinipun katingal
subur makmur. Menapa malih wiji ingkang dipun tanem, nadyanta ingkang kecer
wonten ing wreksa sela, saged katingal ijo royo-royo bebasan bonggol mas,pupus
cinde uwoh kang jumerut.
Purwosari
kawiwitan saking duk nalika taun 1825 ngantos dumugi taun 1830 nun inggih
perangipun pangeran Diponegoro kaliyan walandi.
Kita kedah enget sintenta
pangeran Diponegoro punika.
Pangeran Diponegoro
nalika timuripun asma raden kuncung dewasanipun asma antawirya. Jalaran
panjenenganipun priyagung ingkang tansah menggalih kasangsaraning kawula,
lajeng keparingan asma Diponegoro dipo tegesipun damar utawi pepadhang negoro
wus ngarani dados Diponegoro menika tegesipun pepadhanging negari.
Nalika
semanten, nuswantara kajajah dening walandi ; mligi laladan tanah mataram
ingkang kajajah dening walandi inggih punika Ngayojakarta hadiningrat
kaliyan Surakarta lan jawi
tengah inggih punika mligi laladan tanah kedu Magelang, Temanggung, Wonosobo, Purworejo,
Kebumen ugi sampun kacepeng dening walandi.
Pangeran Diponegoro,
priksa kawontenanipun kawula ingkang kasia-sia dening walandi, sakkala muntab
dukaning penggalih. Lajeng nyusun kekiatan ngempalaken para priyagung ingkang
setia datheng negari inggih punika para ulama ,para umarok, para mudha lan
sinten kemawon ingkang setia negari.
Ngengeti
kekiatan prajurit laskar Diponegoro saha kekiatan walandi ingkang mboten babag.
Pramila laskar Diponegoro ngangge cara perang dedhemitan cara basa
menterengipun gerilya. Jalaran gegamanipun laskar Diponegoro namung awujud
keris, tombak, pedang, klewang lan sanesipun linawan gegamanipun walandi
bedhil, meriem, kanon, martelor lan sanesipun.
Kanthi cara
perang dedhemitan utawi gerilya, walandi rumaos kewalahan.
Amargi
walandi rumaos kewalahan, pramila walandi ngangge cara sanes, lajeng walandi
ngangge cara bedamen. Sepisan kapindho pangeran Diponegoro mboten nayogani.
Nanging saking pinteripun walandi, pungkasanipun pangeran Diponegoro sarujuk
anggenipun dipun ajak bedamen kaliyan walandi.
Nalika
semanten pangeran Diponegoro,mboten kraos jebulipun pangeran Diponegoro
dipunculikani dening walandi. Dipunpikut lajeng dipunkunjara wonten ing laladan
makasar, ngantos dumugi sirna margolayu. Pramila nadyan pangeran Diponegoro
anggenipun perang ing laladan tanah jawi, nanging pasareanipun wonten ing
makasar.
Prajuritipun
pangeran Diponegoro mireng kabar menawi pangeran Diponegoro sedo, lajeng
prajuritipun bibar paribasanipun sapu ilang suhe.
Bibaripun prajurit mboten ajrih kaliyan
walandi,nanging tetep setia datheng tanah pertiwi nuswantara. Bibaripun para
prajurit dumados wonten pirang-pirang perangan.
-
Sakperangan
wonteng ingkang ngetan dumugi madiun lan sak kanan kiringipun ing jawi wetan.
-
Sakperangan
wonten ingkang ngilen dumugi cadas pangeran majalengka ing jawi kilen.
-
Sakperangan
malih wonten ingkang ngaler ngilen nurut ing bukit menoreh.
Kacariyos, lurahing prajurit ingkang
sinebat Ki Bekel lumajar nurut bukit menoreh, kaderekaken para prajurit ingkang
sinebat Kyai Surodipo, Kyai Surodirjo, Kyai Imam Sujono, Kyai Hajar, Pangeran Puger,
Pangeran Simbun, Pangeran Purwonegoro lan sanes-sanesipun.
Laskar Diponegoro ingkang kasebut ing
nginggil, lampahipun nurut menoreh ngantos dumugi saktunggiling panggenan
sakmenika kasebat watang tugel panggenanipun ing sakcelaking wigir anak
ereng-erenging redi prau.
Kendel sakwetawis, nglajengaken lampah ngantos dumugi saktunggaling panggenan, papan ingkang awujud gung liang liwung adoh lor adoh kidul, lajeng nggedekaken pakuwoningkang wekdal sakpunika kasebat dusun bakal.
Kendel sakwetawis, nglajengaken lampah ngantos dumugi saktunggaling panggenan, papan ingkang awujud gung liang liwung adoh lor adoh kidul, lajeng nggedekaken pakuwoningkang wekdal sakpunika kasebat dusun bakal.
Mapan ing panggenan mriku, ngantos sak
wetawis wekdal,sinambi nglipur penggalih para priyagung wau sami babad wono.
Danguning dangu papn wau dados papan rejo.
Lurahing prajurit ingkang sinebat ki bekel, lajeng andum laladan saha para priyagung ingkang dipunpitados. Sinambi nyusun kekiatan kagem mbrontak datheng walandi dening ki bekel laladan ingkng dipunbagi inggih punika.
Lurahing prajurit ingkang sinebat ki bekel, lajeng andum laladan saha para priyagung ingkang dipunpitados. Sinambi nyusun kekiatan kagem mbrontak datheng walandi dening ki bekel laladan ingkng dipunbagi inggih punika.
-
Kyai
Surodipo ing Cemoro
-
Kyai
Surodirjo ing Simpar
-
Kyai
Hajar ing Wonoboyo
-
Kyai
Imam Sujono ing Tening
-
Pangeran
Puger ing Pugeran (Kebonsari)
-
Pangeran
Simbun ing Pateken
-
Pangeran
Purwonegoro ing Purwosari.
Wondene laladan sanes, saha priyagung
ingkang sanesipun ingkang kapitados dening lurahing prajurit kasebat ing babad
temanggung.
Kacariyos prajurit ingkang sampun kasebar
kanthi sesingidan nyusun kekiatan,maranata gelaring paprangan mligi
panjenenganipun pangeran purwonegoro ing papan ingkang dipun lenggahi sinambi
olah tetanen.
Supados mboten ketawis, bilih panjenenganipun sakunggiling priyagung,agemanipun kaprajuritan dipun gantos ageman lumrah, nanging ageman bebed tetep dipun agem.
Nalika panjenenganipun macul wonten ing sabin bebedipun dipun lancingaken. Danguning dangu, priyagung wau katelah Kyai Lancing.
Supados mboten ketawis, bilih panjenenganipun sakunggiling priyagung,agemanipun kaprajuritan dipun gantos ageman lumrah, nanging ageman bebed tetep dipun agem.
Nalika panjenenganipun macul wonten ing sabin bebedipun dipun lancingaken. Danguning dangu, priyagung wau katelah Kyai Lancing.
Kyai lancing dangu mapan ing papan mriku.
Babad wono, kadamel padukuhan. Minangka kagem tetenger, anggenipun babad wono
ing mriku, padukuhan dipunparingi nami mendet asmanipun saking Pangeran Purwonegoro,dados
Purwosari.
Nami padukuhan wau, ngantos panjenenganipun
kasedan jati lan ngantos bumi nuswantara merdeka nami padukuhan tetep Purwosari.
Makaten, cuplikan riwayat dumadosipun desa Purwosari.
Kapendhet saking ringkasan saking pustaka babad kedu.
Kaserat dening
(Ki Mulyatno)