Jumat, 03 Oktober 2014

Sejarah Desa Purwosari, Wonoboyo, Temanggung



Dumadine Desa Purwosari
Sejarah punika, minangka pepenget marang manungsa supaya ngerteni marang jaman kang wus kawuri. Mligine tumrap para sedulur ing laladan desa Purwosari.
menapa ta....desa punika kaaran Purwosari..?! Kita warga desa Purwosari, senadyanta riwayat ingkang kaserat punika namung saklembar dlancang ingkang tanpa wonten reginipun. Ing pangajap mugi dados pepenget datheng para warga sedaya.
Purwosari..Purwo teges wiwitan Sari ateges inti. Tegesipun wiwitan lan dadi intine. Purwosari gumelar ing laladan paraden, nanging nadyanta paraden ! Pranyata sitinipun katingal subur makmur. Menapa malih wiji ingkang dipun tanem, nadyanta ingkang kecer wonten ing wreksa sela, saged katingal ijo royo-royo bebasan bonggol mas,pupus cinde uwoh kang jumerut.
Purwosari kawiwitan saking duk nalika taun 1825 ngantos dumugi taun 1830 nun inggih perangipun pangeran Diponegoro kaliyan walandi.
            Kita kedah enget sintenta pangeran Diponegoro punika.
Pangeran Diponegoro nalika timuripun asma raden kuncung dewasanipun asma antawirya. Jalaran panjenenganipun priyagung ingkang tansah menggalih kasangsaraning kawula, lajeng keparingan asma Diponegoro dipo tegesipun damar utawi pepadhang negoro wus ngarani dados Diponegoro menika tegesipun pepadhanging negari.
Nalika semanten, nuswantara kajajah dening walandi ; mligi laladan tanah mataram ingkang kajajah dening walandi inggih punika Ngayojakarta hadiningrat kaliyan Surakarta lan jawi tengah inggih punika mligi laladan tanah kedu Magelang, Temanggung, Wonosobo, Purworejo, Kebumen ugi sampun kacepeng dening walandi.
Pangeran Diponegoro, priksa kawontenanipun kawula ingkang kasia-sia dening walandi, sakkala muntab dukaning penggalih. Lajeng nyusun kekiatan ngempalaken para priyagung ingkang setia datheng negari inggih punika para ulama ,para umarok, para mudha lan sinten kemawon ingkang setia negari.
Ngengeti kekiatan prajurit laskar Diponegoro saha kekiatan walandi ingkang mboten babag. Pramila laskar Diponegoro ngangge cara perang dedhemitan cara basa menterengipun gerilya. Jalaran gegamanipun laskar Diponegoro namung awujud keris, tombak, pedang, klewang lan sanesipun linawan gegamanipun walandi bedhil, meriem, kanon, martelor lan sanesipun.
Kanthi cara perang dedhemitan utawi gerilya, walandi rumaos kewalahan.
Amargi walandi rumaos kewalahan, pramila walandi ngangge cara sanes, lajeng walandi ngangge cara bedamen. Sepisan kapindho pangeran Diponegoro mboten nayogani. Nanging saking pinteripun walandi, pungkasanipun pangeran Diponegoro sarujuk anggenipun dipun ajak bedamen kaliyan walandi.
Nalika semanten pangeran Diponegoro,mboten kraos jebulipun pangeran Diponegoro dipunculikani dening walandi. Dipunpikut lajeng dipunkunjara wonten ing laladan makasar, ngantos dumugi sirna margolayu. Pramila nadyan pangeran Diponegoro anggenipun perang ing laladan tanah jawi, nanging pasareanipun wonten ing makasar.
Prajuritipun pangeran Diponegoro mireng kabar menawi pangeran Diponegoro sedo, lajeng prajuritipun bibar paribasanipun sapu ilang suhe.
      Bibaripun prajurit mboten ajrih kaliyan walandi,nanging tetep setia datheng tanah pertiwi nuswantara. Bibaripun para prajurit dumados wonten pirang-pirang perangan.
-       Sakperangan wonteng ingkang ngetan dumugi madiun lan sak kanan kiringipun ing jawi wetan.
-       Sakperangan wonten ingkang ngilen dumugi cadas pangeran majalengka ing jawi kilen.
-       Sakperangan malih wonten ingkang ngaler ngilen nurut ing bukit menoreh.
    Kacariyos, lurahing prajurit ingkang sinebat Ki Bekel lumajar nurut bukit menoreh, kaderekaken para prajurit ingkang sinebat Kyai Surodipo, Kyai Surodirjo, Kyai Imam Sujono, Kyai Hajar, Pangeran Puger, Pangeran Simbun, Pangeran Purwonegoro lan sanes-sanesipun.
    Laskar Diponegoro ingkang kasebut ing nginggil, lampahipun nurut menoreh ngantos dumugi saktunggiling panggenan sakmenika kasebat watang tugel panggenanipun ing sakcelaking wigir anak ereng-erenging redi prau.
Kendel sakwetawis, nglajengaken lampah ngantos dumugi saktunggaling panggenan, papan ingkang awujud gung liang liwung adoh lor adoh kidul, lajeng nggedekaken pakuwoningkang wekdal sakpunika kasebat dusun bakal.
   Mapan ing panggenan mriku, ngantos sak wetawis wekdal,sinambi nglipur penggalih para priyagung wau sami babad wono. Danguning dangu papn wau dados papan rejo.
Lurahing prajurit ingkang sinebat ki bekel, lajeng andum laladan saha para priyagung ingkang dipunpitados. Sinambi nyusun kekiatan kagem mbrontak datheng walandi dening ki bekel laladan ingkng dipunbagi inggih punika.
-       Kyai Surodipo ing Cemoro
-       Kyai Surodirjo ing Simpar
-       Kyai Hajar ing Wonoboyo
-       Kyai Imam Sujono ing Tening
-       Pangeran Puger ing Pugeran (Kebonsari)
-       Pangeran Simbun ing Pateken
-       Pangeran Purwonegoro ing Purwosari.
    Wondene laladan sanes, saha priyagung ingkang sanesipun ingkang kapitados dening lurahing prajurit kasebat ing babad temanggung.
     Kacariyos prajurit ingkang sampun kasebar kanthi sesingidan nyusun kekiatan,maranata gelaring paprangan mligi panjenenganipun pangeran purwonegoro ing papan ingkang dipun lenggahi sinambi olah tetanen.
Supados mboten ketawis, bilih panjenenganipun sakunggiling priyagung,agemanipun kaprajuritan dipun gantos ageman lumrah, nanging ageman bebed tetep dipun agem.
Nalika panjenenganipun macul wonten ing sabin bebedipun dipun lancingaken. Danguning dangu, priyagung wau katelah Kyai Lancing.
   Kyai lancing dangu mapan ing papan mriku. Babad wono, kadamel padukuhan. Minangka kagem tetenger, anggenipun babad wono ing mriku, padukuhan dipunparingi nami mendet asmanipun saking Pangeran Purwonegoro,dados Purwosari.
    Nami padukuhan wau, ngantos panjenenganipun kasedan jati lan ngantos bumi nuswantara merdeka nami padukuhan tetep Purwosari.
 Makaten, cuplikan riwayat dumadosipun desa Purwosari. Kapendhet saking ringkasan saking pustaka babad kedu.

    Kaserat dening

      (Ki Mulyatno)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar